Wektu
pelajaran PLH ing kelas 9A
Guru
PPL : “Anak-anak dina iki kita bakal
mbahas ngenani bab Lingkungan Hidup.”
Murid
:
“Inggih bu.”
Guru
PPL : “Sapa sing ngerti artine lan cara
ngrumat lingkungan hidup?” (tanya Guru PPL)
Izzah
: “Kula bu. Lingkungan hidup yaiku kabeh barang sing ana ing alam, bumi utawa bagian
saka bumi sing iso mengaruhi uripe uwong (jawabe Izzah.)
Guru
PPL : “Bener banget sing diomongno Izzah
maeng.
Pelajaran tetep dilaksanakake nganti bel moleh muni yaiku jam 11.30. Tet… Tet…
Tet…
Elsa
& Intan : “Yeahh moleh!” (karo nggebrak meja)
Faradila
: “Heh kon duo ubur-ubur
iso meneng gak seh?” (tegur Faradila)
Elsa
& Intan : “Iyo-iyo biasa ae lo.”
Guru
PPL : “Wes-wes ojo rame wae, ndang
dipimpin doa. Sopo sing nyiapake?”
Izzah
: “Faradila bu.”
Faradila
: “Siyaga! Monggo dunga
sesarengan! Cekap! Atur salam!”
Murid
:
“Assalamualaikum Wr. Wb.”
Guru
PPL : “Waalaikumsalam.”
Kabeh murid salim marang guru PPL banjur metu kelas kabeh. Nanging duo
ubur-ubur, Faradila, Izzah sek tetep ndek kelas. Duo ubur-ubur rame perkara
bungkus permen, nanging Faradila lan Izzah piket ngrijiki kelas.
Elsa
: “Iku bungkusmu Tan!” (ngekeki bungkus permen marang Intan)
Intan
: “Guduk El. Iki loh guduk bungkusku !” (engkele Intan)
Elsa
: “Enak e talah kon iki lek ngarani aku. Aku lo gak mangan permen.”
Intan
: “Kok iso lali seh awakmu El, lah mang seng njaok permen nang aku pas
pelajaran PLH sopo hah?”
Elsa
: “Ohyo aku yo. Tapi sak elengku awakmu yo melok mangan kok.”
Ujug-ujuge Faradila teko lan nyamperi duo ubur-ubur seng engkel-engkelan
bungkus permen.
Faradila
: “Ono opo toh iki? Rame
ae tak rungokno tekan njobo.”
Intan
: “Iki lo Dil, Elsa gak ngakoni lek bungkus permen iki gotekane
de’e.”
Elsa
: “Awakmu iku melok mangan pisan Tan. Yo mosok awakmu lali?”
Faradila
: “Ngene ae wes, bungkus
permen iki dibagi loro. Sing iki Intan, tugelan liyane Elsa."
Arek loro metu saka kelas banjur ngguwak sampah
Elsa
: “Tan awakmu seng mbukak tong sampah e!”
Intan
: “Wegah seh! Yowes lah.”
Sakwise iku, Elsa ngejar Intan sampek
Elsa lan Intan ora sadar yen Elsa lan Intan wes ngidek-ngidek wit-witan ing
sakcedhake. Ora suwe banjur kedadean iku Izzah teko.
Izzah
:
“Elsa..Intan... rinio kabeh !!!”
Elsa lan Intan ngampiri Izzah.
Elsa
: “Ana apa
Zah, awakmu nyeluk aku lan Intan?”
Izzah
:
“Awakmu gak ngerti a?, awakmu iku wes ngrusak wit-witan ndek taman iki.”
(Izzah nuding taman)
(Izzah nuding taman)
Intan
: “Lho kok iso i loh? Awakdewe (Intan lan Elsa) lho gak lapo-lapo,
senengane
ngarani wong ae.” (saute Intan)
ngarani wong ae.” (saute Intan)
Elsa
: “Iyo i,
aku setuju ambek Intan.”
Izzah
:
“Kowe iki kok angel temen dikandani se, kowe kabeh iku wes ngrusak taman
iki.”
(karo nada dhuwur)
(karo nada dhuwur)
Elsa
: “Lha aku
gak ngerasa ngidek-ngidek wit-witan iki kok.”
Izzah
:
“Lha iki se buktine, lek kowe kabeh ngrusak wit-witan iki.”
(karo nuding wit-witan sing wes rusak)
(karo nuding wit-witan sing wes rusak)
Elsa
: “Enak aee,
iku encen wes rusak soko wiwitan.”
Izzah mek merengut nanggepi duo ubur-ubur. Sakwise iku Intan lan Elsa ninggal
Izzah dhewean seng mrengut karo rasa mangkel nang Izzah
Elsa
: ”Opo ae se
izzah iku? Sengane ngamuk-ngamuk ora jelas!!”
Intan
: “Iyo encen, emakku ae ora tau nyeneni aku, lha dipikir areke sapa kok wani
nyeneni awakdewe.”
Sauntoro iku, Izzah sing lagi nesu karo
Intan lan Elsa ketemu Faradila lan Guru PPL ing tengah dalan.
Faradila
: “Izzah....??” (Faradila
nyapa Izzah karo tingkah e sing lucu)
Izzah
:
“Ana opo Dil?” (karo wajah seng melas)
Faradila
: “Lho awakmu opo o
Zah?”
Izzah
:
“Ora ana opo-opo kok Dil.”
Guru
PPL : “Kowe iki opo o se Zah? Kok gak
koyok biasane. Koyok e mang yo ora opo-opo. Ana masalah apa se ?”
Izzah
: “Ngeten lho Bu, Kulo lagi kesel nang Elsa lan Intan.”
Guru
PPL : “Opo o bocah loro iku? Nggawe ulah
maneh tah ?”
Faradila
: “Tak bedek yo, arek
loro iku mari ngrusak wit-witan ndek taman cedek gazebo yo?”
Izzah
: “Lho, awakmu kok ngerti Dil? Awakmu ndelok bocah loro iku mang a?”
Guru
PPL : “Oalah.. kuwi toh masalah e?”
Izzah
: “Inggih bu. Kula sampun sayah ngandani bocah kale menika.”
Guru
PPL : “Yo seng sabar nak. Ehm.. ibu
nduwe ide.”
Faradila
: “ Punapa niku bu? Kita ajenge ngertos.”
Izzah, Guru PPL, lan Farafaradila padha bisik-bisikan.
Guru
PPL : “Kepriye? Gelem opo ora?”
Izzah&Faradila:
“Oke bu. Laksanakan!”
Kabeh padha mencar. Izzah & Faradila mulih lan cepak-cepak piranti kanggo
ngelancarake rencana bareng Guru PPL alias Bu Yeni.
Dina menene, wektu bel istirahat kesiji muni. Duo Ubur metu saka kelas nang kantin arep tuku jajan, sakwise tuku Elsa lan
Intan mbalik nang kelas.
Elsa
: “Enak yoh?”
Intan
: “Iyo.”
Gak sengaja Elsa ngguwang bungkus jajane kuwi ing ngisor bangkune Faradila. Bel
melbu muni diiringi melbune Ibu Guru Guru PPL.
Guru
PPL : “Kuwi resekke sapa. Dil?”
Faradila
: “Kula mboten ngertos,
Bu. Niku sanes resek kula. Nanging kala wau kula mirsani
Elsa bucal resek niku.”
Elsa
: “Mboten kok, Bu.”
Guru
PPL : “Terus dhuwekke sapa?”
Elsa
: “Wong jelas-jelas ing bangkumu kok, Dil!” (nunjuk Faradila)
Faradila
: “Sanes kula, Bu. Tapi nggeh mboten napa-napa pun, kula mawon sing ngguwang.”
Bu
Yeni ngelanjutake pelajaran.
Guru
PPL : “Dadi cah, awakmu kuwi aja seneng ngguwang resek
sembarangan. Aja kaya iku mang, resek cilik wae marai gelut.”
Murid
: “Inggih, Bu.”
Pelajaran
mlaku katon tenang lan ayem. Ora kerasa bel pratanda mulih sekolah muni.
Murid-murid
padha ninggalake kelas. Faradila, Izzah, lan Guru PPL isih ana ing kelas.
Sakwise iku kabeh pada ngomongake masalah sing wes direncanakake
Guru
PPL : “He cah, rinio!!” (utus Guru PPL)
Sakwise iku bocah loro kuwi marani Guru
PPL karo rai penasaran.
Faradila
: “Wonten napa, Bu?”
Guru
PPL : “Enake lapo iki?”
Izzah
: “Oalah bu..bu.. kulo kinten wonten napa.”
Guru
PPL : “Loh yoopo....rencana sing wingi?”
Faradila
: “Oh, enggeh Bu.”
Guru
PPL : “Yoopo bahan e, opo wes disiapno?”
Izzah
: “Enggeh Bu, sampun kula siapake sedanten. Sekedap, nggeh Bu.” (ambek
njupuk bahane)
Guru
PPL : “Muantebb! Yen ngene mengko
iso langsung nglakoni rencanane awakdewe.”
Izzah
: “Punapa mboten
sakniki mawon ta Bu?”
Guru
PPL : “Yo ora popo, lek ngono yo ayo!”
Izzah
: “Nggeh, ngoten a Bu.”
Faradila
: “Luwih cepet, luwih
apik.”
Bari iku arek loro budal nang panggon tongkrongan duo ubur-ubur gawe nglakokno
rencanane.
Intan
: “Eh lapo arek-arek iku sok ngatur awak dewe. Dipikir arek-arek iku sopo!”
Elsa
: “Emboh i.. Wegah aku sok teyang kabeh iku arek-arek.” (jawabe Elsa)
Intan
: “Hah? Opo iku sok teyang?”
Elsa
: “Hoalah Tan ngono ae gak ngerti. Sok tau sok tau Tan.”
Intan
: “Oo.. koyok kon berarti? Haha…”
Elsa
: (rai datar)
Intan
: “Mboh wes El sakarepmu.” (karo metiki godhong ndek
sebelah banjur dimmorat maritake ing lemah)
Tekan adoh ono sing merhatikno Elsa karo Intan.
Guru
PPL : “Nah iku bocah e.”
Faradila
: “Terus yakopo bu posisiku
karo Izzah.”
Guru
PPL : “Mengko ngene rek…” (ngomong ambek
alon-alon) “Yokopo wes siap?”
PPL, Faradila, lan Izzah lagi ngomongno posisine dhewe-dhewe.
Guru
PPL : “Wes siap a?”
Izzah
: “Enggeh, siap
Bu.”
Sakwise iku bocah-bocah pada nggolek posisi.
Faradila
: “Huuuuu....”
Elsa
: “He awakmu krungu suara a?”
Intan
: “Kon opo o El?”
Elsa
: “Sek a
menengo Tan. Rungokno a, awakmu iki encen gak peka!!”
Intan
: “Yo maaf a El, eh salah.. sepurane yo. Aku lali lek iki drama basa jawa.”
Elsa
: “Kowe iki
piye to, isin aku karo penonton.”
Suddenly, eh salah maneh. Moro-moro ana suara maneh.
Faradila
: “Heh kon arek sing
ngidhak-ngidhak tanduran, koyok gak Duweduso ae! Mbok pikir aku sampah opo? Aku
iki yo urip koyok awakmu, saking ae awakmu gak taungerungokno aku nangis.
Dirasa enak lek e diidhak-idhak. Yok opo lek harga dirimu diidhak-idhak karo wong liyo. Loro kan
pasti rasane?! Ngertio ngono loh!”
Intan
: “Loh, tanduran moso iso ngomong?”
Elsa
:
“Iyo Tan, tanduran gedhe iku seng ngomong.”
Intan
: “Yok
opo lek awake dhewe njaluk sepura nang tanduran iku?”
Elsa
: “Emoh se! Koyok wong opo ae njaok sepuro neng tanduran!”
Faradilla
: “Ya Allah kon iku wes ngidak ngidak ciptaane Allah, nyadar ngono loh!”
Intan
: “Uwes El ojok golek perkoro, sing bener awakdewe njaluk sepura neng
tandurane.”
Elsa
:
“Iyo wes lah manut ae.”
Intan
& Elsa : “Tanduran, aku njaluk sepura seng akeh nang awakmu.”
Faradila
: “ Sepuramu bakal tak terima lek
awakmu ben dina Jumat ngresiki sekolah wong loro thok! Lek gak aku bakal
ngenehi hukuman luwih abot tekan iki!”
Intan
: “Oh
nggih, nggih, kita bakal ngresiki sekolah ben dina Jumat!”
Faradila
: “Kowe kudu ngelakokno iku sak lawase!”
Elsa
:
“Oke tanduran, dina iki detik iki langsung tak rijiki karo Intan.”
Mari kedadean iku, Elsa lan Intan luwih
iso njaga keresikan ing lingkungan cedheke, salah sawijining yaiku ing
lingkungan sekolah.
Elsa
:
“Ayo Tan ngerijiki iki,cek sekolahe tambah apik lan rijik, cek awake dhewe gak
diseneni ambek tanduran maneh.”
Intan
: “Iyo El, ayo.”
Urip resik iku ngekeki awakdewe pawulangan kanggo ngrumat, lan kanggo ndadekake
sesuatu sing endah tetep endah seteruse.
Ora
ono kaendahan tanpo karesikan, sesuatu katon endah amarga wonten ing kahanan resik.
0 komentar :
Posting Komentar